* Dinten enjing
Bawang Putih : Enjing bu, kepripun keadaane napa sampun sae?
Ibu Kandung : Alhamdulillah lumayan.
Bawang Putih : Napa Ibu purun kula ndamelaken bubur?
Ibu Kandung : Nggih anakku ...
Bawang Putih : Nggih bu, tengge sakejap. Putih ajeng ndamelaken bubur rumiyin.
Ibu Kandung : Iya sayang ...
Bawang Putih lunga wonten dapur lan nggawe bubur. Sakwise bubur sampun dados, Bawang Putih teras wonten kamar ibune.
* Wonten kamar
Bawang Putih : Niki bu buburipun sampun dados.
Ibu Kandung : Matur nuwun anakku.
Bawang Putih : Enakkan bu bubur ndamelanipun Putih?
Ibu Kandung : Inggih nak, enak tenan.
* Dina sesuke
Bawang Merah : Assalamu’alaikum.. (kaliyan ngetuk pintu)
Bawang Putih : Wa’alaikum salam, eh Bawang Merah, monggo mlebet.
Bawang Merah : Iya, Ibumu ana?
Bawang Putih : Wonten, niku seg wonten kamar.
Bawang Merah : Aku arep ketemu Ibumu.
Bawang Putih : Nggih, monggo tak terke.
* Tekan wonten kamaripun ibu
Bawang Putih : Bu, niki Bawang Merah badhe ketemu Ibu.
Bawang Merah : Nggih bi ...
Ibu Kandung : Mriki Merah, Putih lenggah
Bawang Merah : Nggih ...
lan Bawang
Putih
Bawang Merah : Bu, niki Merah Mbetoaken bubur ndamelanipun Ibu Merah.
Ibu Kandung : Repot-repot, matur nuwun nggih. Bibi maem nggih?
Bawang Merah : Nggih bi ...
Bawang Putih : Bu, kulo ijin ngumbaih rumiyin nggih wonten kali? Assalamu’alaikum.
Ibu Kandung : Wa’alaikum salam
lan Bawang
Merah
* Sak lajengipun maem bubur saking Bawang Merah ujug-ujug ibu Bawang Putih kejang-kejang lan akhire ninggal. Bawang Merah langsung lunga ninggalake ibu Bawang Putih sing seg kejang-kejang lan ngabarake meng ibune.
Bawang Merah : Ibu ... Ibu ... Ibune Bawang Putih akhire mati.
Ibu Tiri : Wah tenanan? Kiye kabar sing paling nyenengake (kaliyan ngguyu). Akhire mati ...
Bawang Merah : hahahaha ...
Ibu Tiri : Ngko tiliki ya, terus ethok-ethok nangis. Gole nangis sing bener kowe loh!
Bawang Merah : Sip bu ....
* Bawang Putih wangsul saking ngumbaih wonten kali
Bawang Putih : Assalamu’alaikum, Ibu... Ibu, Putih wangsul bu (meng kamar ibune). Astaghfirullah Ibu, Ibu kenging napa? Aja tinggalake Putih bu ..
Bawang Putih bingung lan panik, terase nelfon bapake sing seg kerja ing luar kota.
* Ing telfon
Bawang Putih : Pak .. Bapak cepet wangsul
Bapak : Wonten napa sih Bawang Putih?
Bawang Putih : Niku pak, Ibu ... Ibu sampun nilar.
Bapak : Innalillahi, Bapak ajeng wangsul. Assalamu’alaikum ...
Bawang Putih : Wa’alaikum salam ...
* Bapakipun Pawang Putih sampun dugi wonten umah.
Bapak : Putih, ibu pundi?
Bawang Putih : (karo nangis) Niku pak wonten kamar.
Ibu Tiri : Putih, kito turut belasungkawa ya ...
Bawang Putih : Nggih bi, matur nuwun.
Bawang Merah : (nangis)
lan Ibu Tiri
* Sakwise pirang wulan, akhire bapak Bawang Putih nikah kaliyan ibu Bawang Merah lan saiki Bawang Putih urip bareng Bawang Merah lan ibu tirine.
Bapak : Putih, sesuk Bapak ana tugas malih nang luar kota, Putih urip sing rukun ya kaliyan Bawang Merah?
Bawang Putih : Nggih pak, Putih ajeng rukun. Putih nggih sampun anggep mba Bawang Merah dados mba’e Putih.
Bawang Merah : Iya rayiku ...
* Dina sesuke Bapak Bawang Putih lunga. Lungane Bapak Bawang Putih nggawe Ibu Bawang Merah lan Bawang Merah bungah amarga bisa nyiksa Bawang Putih.
Bawang Putih : Yuk mba, kito masak sareng-sareng!
Bawang Merah : Hah, ra salah krungu? Masak? ngapa aku melu masak, nggawe tanganku kotor bae, wis nganah masak! (njorogna Bawang Putih).
* Bawang Putih meng dapur karo mikir omongane Bawang Merah. Sakwise masakipun dados, Bawang Putih nyajikna nang meja makan.
Ibu Tiri : Iki masakan apa? kok rasane asin (karo numplekna panganan meng rai Bawang Putih).
* Ujug-ujug Bapak Bawang Putih wangsul.
Bapak : Assalamu’alaikum ...
* Ibu tiri kaget krungu suara Bapak ngucap salam.
Ibu Tiri : Bawang Putih sageh resiki kabeh sadurung bapakmu ndeleng!
Bawang Putih : Nggih bu ...
Ibu Tiri : Awas kowe ya nek kowe wani ngadu meng bapakmu!
Bapak : Ana apa kiye kok rungseb tenan?
Ibu Tiri : Iki pak, Bawang Putih numplekna panganan amarga kirang ati-ati. Ya kan Bawang Putih?
Bawang Putih : Nggih pak, Putih nyuwun ngapunten.
Bapak : Ya wis siki resikna. Bapak rep ngaso sik ...
Ibu Tiri : Bapak purun didamelaken kopi?
Bapak : Nggih bu ...
* Ibu nggawe kopi
Ibu Tiri : Niki pak kopinipun.
Bapak : Matur nuwun bu.
* Dina sesuke
Ibu Tiri : Pak, niku Bawang Putih mboten purun ngapa-ngapa. Kerjaane mukur nyante-nyante tok.
Bapak : Ya wis, mangke Bawang Putih tak omongi.
* Bapak nemoni Bawang Putih
Bapak : Putih, mriki kandani
Bawang Putih : Napa pak?
Bapak : Jere ibu, kowe nang umah ra gelem ngapa-ngapa. Kaya kuwi ya kerjaane nek ra ana Bapak?
Bawang Putih : (mukur meneng)
Bapak : Deneng ra njawab? Berarti omongane ibu bener ya?
Bawang Putih : (mukur temungkul karo nangis)
Bapak : Putih!!! (nyekel dada amarga penyakit jantunge kumat lan teras tiba).
Bawang Putih : Bapak ... Bapak kenging napa pak?
Ibu Tiri : Putih, kowe ngapakna Bapak? Kowe pengin Bapak cepet mati ya? Ya wis, sageh gawa Bapak meng kamar?
* Sakwise pirang wulan, amarga ibune kesel ngurusi bapak sing mriyangen. ibu Bawang Merah nuker obat sing asli karo obat liya. Bawang Putih kaya biasane terke obat marang bapak.
* Wonten kamaripun bapak
Bawang Putih : Pak, niki kula mbetoaken obat.
Bapak : Iya, matur nuwun Putih.
Bawang Putih : Nggih pak ...
* Sakwise ngumbe obatipun, bapak kejang-kejang.
Bawang Putih : Pak, Bapak kenging napa? Ibu, mba mriki cepetan ...
Bawang Merah : Bapak, Bapak kenging napa?
lan Ibu Tiri
Ibu Tiri : Putih, kowe ngapakna Bapak?
Bawang Putih : Putih mboten ngertos bu ... (karo nangis).
Sakwise bapak dikubur, Bawang Putih urip dewekan kaliyan siksanipun ibu tiri lan Bawang Merah.
* Enjing niku Bawang Merah ngomel-ngomel
Bawang Merah : Bu ... Ibu ... klambiku kotor kabeh ki, wis ora ana sing bersih, ora ana sing ngumbaih apa bu?
Ibu Tiri : kowe nangapa sih nduk? Isuk-isuk kok wis ngomel.
Bawang Merah : Ndelo ki bu, klambiku kotor kabeh, mambu maning.
Ibu Tiri : Ndi ndi! Ibu ndelo ... ih iya tenanan kotor kabeh, klambine ibu ya kotor kabeh. Ndi Putih? Wis-wis ben Ibu sing ngongkon Bawang Putih kon ngumbaih. Putih ... Putih ... meng ndi sih? Bawang Putih!
* Bawang Putih teka
Bawang Putih : Nggih bu, wonten napa?
Ibu Tiri : Suwe tenan sih, di undang-undang ra nyaut.
Bawang Merah : Ra duwe kuping mbok bu ...
Bawang Putih : Anu bu ... kula seg wonten dapur, seg nggodog wedang.
Ibu Tiri : Alaaah.... alesan bae. Ndelo kiye, kalmbi pada kotor kabeh, ora ana sing bisa dinggo. Suwe-suwe ora nggo klambi. Saiki kowe lunga meng kali gawa kalmbi iki lan ora usah kesuen (karo ngontalna klambi kotor meng Bawang Putih).
Bawang Merah : Iki kumbaih kabeh, awas nek ana sing rusak.... sing wangi, ra kesuen!
* Bawang Putih njiot klambine lan langsung lunga meng kali, tekan neng kali Bawang Putih ngumbaih klambine Bawang Merah kalih nembang.
Bawang Putih : Jejel nek wong tuwaku tesih ana, uripku mesti ora sak nelangsa kiye (selendange kendang).
Pangeran : (ngrungokna suara Bawang Putih nembang, tercengang lan meneng ngrungokake). Wah suarane merdu tenan... sapa ya iku?
* Ujug-ujug kes adohan keton ibu kandung Bawang Putih, Bawang Putih kaget.
Bawang Putih : Ibu ....
Ibu Kandung : Anakku kudu sabar ngadepi kabeh iki, sabar ya. Kelak kowe bakal nemuake kebungahan.
* Ujug-ujug bayangan iku lunga
Bawang Putih : Aneh, iku mesti mukur angen-angenku tok (karo nggelengna sirah). Ahh, aku kudu cepet-cepet bali.
Pangeran : (nemokake selendang nang kali). Iki mesti selendang wong sing nembang mau. Aku kudu mbalekna.
* Nalika Baang Putih nglewati hutan, Bawang Putih ketemu seorang peri.
Peri : Cah ayu, nangapa tho kok murung. Peri bisa ndelo neng raimu, nek kowe kepengin nemokake kebungahan, kowe kudu sabar, mbaliko meng ujung kali neng hutan iki ....
Bawang Putih : Tenanan peri?
Peri : Ngandelo, kowe bakalan nemu kebungahan (peri langsung lunga ninggalake Bawang Putih).
Bawang Putih : Peri .... (langsung bali meng umah).
* Tekan umah Bawang Putih mbalekna klambi marang Bawang Merah lan ibu tiri.
Bawang Merah : Ihhh .... selendangku ndi? Bawang Putih selendanku ndi? kowe nyolong ya?
Ibu Tiri : Bawang Putih ndi selendange? kowe iki ngumbaih apa nyolong? kowe kirangan gombal ya, ngantek kudu nyolong. Pokoke Ibu ora kepengin ngerti, kowe kudu mbalekna selendang iku!
Bawang Putih : Anu bu, selendangipun kendang kegawa banyu.
Ibu Tiri : Alesan, wis ra usah pasang rai kaya kuwi. Ibu jeleh werueh. Pokoke ibu geleme selendang iku mbalek.
Bawang Merah : Dasar, bisane ngilangna tok... Kerja ora tau beres.
Ibu Tiri : Wis nganah lunga, dina iki kowe ora ulih jatah maem lan umbe.
* Bawang Putih meng kamar lan nangis ngantek klalen turu
* Nang ngimpi bawang Putih ketemu ibune
Ibu Kandung : Bawang Putih kowe nangapa? kok nangis?
Bawang Putih : Mboten napa-napa bu... (karo ngusap banyu mripate).
Ibu Kandung : Aja sedih anakku, sesuk kowe arep ulih kebungahan.
* Ujug-ujug Bawang Putih tangi kes turune karo ngomong
Bawang Putih : Neng ndi kebungahan iku bu?
* Dina sesuke
Ibu Tiri : Putih ....
Bawang Putih : Napa bu .... (njekel sapu)
Ibu Tiri : Wis beres-beres umah runga? Diresik!
Bawang Putih : Niki seg nyapu bu.
Ibu Tiri : Ya wis, sing resik, terus ngko kari nggoleti selendang sing ilang! Cepetan. ora usah lelet, kaya keong bae.
Bawang Putih : Nggih bu ....
* Bawang Putih meng kali nggoleti selendang iku
Pangeran : Napa iki selendangmu? (ngecungna selendange)
Bawang Putih : Nggih, niki selendangku ingkang ical.
Pangeran : Sapa asmamu cah ayu?
Bawang Putih : Bawang Putih, Pangeran.
Pangeran : Bawang Putih? Tenanan sampeyan Bawang Putih.
Bawang Putih : Tenanan ...
Pangeran : Tenanan, aku bakalan mbeto kowe marang istanaku.
Bawang Putih : Nanging, kula kudu ijin rumiyin kaliyan ibu.
Pangeran : Nggih, kula ajeng ngeterake kowe ngge nyuwun ijin.
* Bawang Putih lan Pangeran meng umah. Tekan umah ....
Ibu Tiri : Bawang Putih, ndi bae kowe, sapa wong lanang iku?
Bawang Merah : Ndi selendangku?
Bawang Putih : Iki mba ...
Pangeran : Bu, kula mriki ajeng nyuwun ijin ngge nglamar Bawang Putih.
Bawang Merah : Enak bae, iku ora bakal Bawang Putih!
Bawang Putih : Nanging mba .......
Bawang Merah : Kowe ra bakal bisa nikah sadurung aku.
Ibu Tiri : Iya, enak bae kowe ya Bawang Putih, terus sapa sing arep ngurus umah kiye maning?
Pangeran : Wis-wis, kula ajeng ngajak ibu lan Bawang Merah manggon neng istanaku.
Bawang Putih : Tenanan? Matur nuwun Pangeranku.
Pangeran : Iya Bawang Putih ...
Akhire Pangeran lan Bawang Putih urip kalanggengan bungah neng istana.
Sumber : Cuwix's Blog Ikuti @nia_minia Tweet
0 komentar:
Post a Comment
Silahkan Berkomentar dengan bahasa yang baik dan sopan dan Terimakasih Anda tidak Meninggalkan SPAM pada komentar.
Terima Kasih